![](https://id-static.z-dn.net/files/d83/ce78f1956dc1f329d8d2a91018c47948.jpg)
Ngartekake aksara jawa
tani ing desa Sumber mulya. Pak Wahyu Pringganata iku petugas penyuluhan saka dinas pertanian sing ditugasake ana ing desa Sumber mulya. Para among tani ing desa iku padha nglumpuk ana ing bale desa saperlu mirengake pituduh ngenani tatanen saka bapak Wahyu Pringganata.
Pak Wahyu Pringganata ngendikan, kurang luwih sak jam ngantharake kepriye cara olah tatanen supaya bisa nuwuhake asil (hasil) kang apik utamane tanduran pari. Kawiwitan saka carane ngolah sawah, nyiapake winih kang unggul carane nandur, nata kecukupane banyu, carane menehi rabuk, njaga supaya ora dipangan hama, carane manen carane misah gabah saka wuline, nggaringake gabah, nganthi carane nyimpen gabah.
__________________
Pembahasan
Wacana ing dhuwur nggunakake aksara murda.
Mangerteni tegese, wujud, cacah lan paugerane aksara murda.
➡️ Aksara murda
yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.
➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :
- Ka = ꦑ
- Na = ꦟ
- Ta = ꦡ
- Sa = ꦯ
- Pa = ꦦ
- Nya = ꦘ
- Ga = ꦓ
- Ba = ꦨ
➡️ Paugerane aksara murda :
- ora kena dadi sesigeg ing wanda
- ora kena dipangku lan ora kena dipasangi
- ditulis mung sepisan aksarane saben sak tembung
- kapisan sing manggon ing ngarep, menawa ora ana bisa aksara mburine lan sakteruse
★ catetan
huruf sing diwenehi garis ngisor iku sing nggunakake aksara murda.
Detail jawaban
- Mapel : Bahasa Daerah
- Kelas : 9
- Materi : Nulis aksara Jawa
- Kode : 13
Jawaban:
Ngartekake Aksara Jawa;
- tani ing desa Sumber Mulya, pak Wahyu Pringganata iku petugas penyuluhan saka dhinas pertanian sing ditugasake ing desa Sumber Mulya. Para among tani ing desa iku padha anglumpukake ing bale desa saperlu mirengake pituduh ngenani tatanen saka bapak Wahyu Pringganata.
- Pak Wahyu Pringganata kurang luwih sak jam ngantharake kepriye cara olah tatanen supaya bisa nuwuhake asil kang apikutamane nandur pari. Kawiwitan sakacarane ngolah sawah, nyiapake winih kang unggul (carane nandur), nata kecukupane banyu, carane menehi rabuk anjaga supaya ora dipangan hama,carane manen (carane misah gabah saka wuline), anggaringake gabah nganti carane nyimpen gabah.
Penjelasan:
Tembung sing digaris ngisori iku, kalebu tembung sing nggunakake AKSARA MURDA.
Aksara Murda; yaiku minangka aksara sesirah utawane aksara gedhe (huruf kapital), sing dienggo kanggo nulis jeneng uwong, jabatan, jeneng sasi/wulan, lan papan panggonan.
Aksara Murda cacahe ana 8, yaiku;
- Na ꦟ, Ka ꦑ, Ta ꦡ, Sa ꦯ
- Pa ꦦ, Nya ꦘ, Ga ꦓ, Ba ꦨ
Paugerane Nulis Aksara Murda;
- Ditulis ing ngarep tembung.
- Manwa ngarep ora ana murda, banjur ditulis mburi.
- Saben sak tembung ditulis siji wae.
- Kena disandhangai.
- Ora bisa dipunpangku.